Saputra, Donny Nasrul Nugraha Hadi (2025) PITUTUR LUHUR ING WEWALER IBU NGGARBINI SAHA SASAMPUNIPUN NGLAHIRAKEN WONTEN MASYARAKAT JAWI ING DHUSUN TEPUS KECAMATAN MOJOGEDHANG KABUPATEN KARANGANYAR PROVINSI JAWA TENGAH - 1950900004. Skripsi thesis, Universitas Veteran Bangun Nusantara.
PBSD Donny-1.pdf - Submitted Version
Download (414kB)
PBSD Donny-3.pdf - Submitted Version
Restricted to Repository staff only
Download (447kB)
Abstract
Panaliten punika nggadhahi tujuan mendheskrepsekaken Pitutur Luhur Ing Wewaler Ibu Nggarbini Wonten Ing Masyarakat Jawi Dhusun Tepus Kecamatan Mojogedhang Kabupaten Karanganyar.
Landhesan teori ingkang minangka dhasaring panyerat inggih punika; Kebudayaan, Pangertosan Kebudayaan, Wujud Kebudayaan, Pitutur Luhur, Wewaler, Mitos, Nggarbini, Cengkoronganbing Pamikir.
Jinising Panaliten ingkang dipun ginakaken inggih punika panaliten kualitataif deskriptif, dhata, sumber dhata, Teknik ngempalaken dhata, Teknik validitas dhata, Teknik analisis dhata.
Kasil utawi uwohing panaliten ngetingalaken 1) bilih Wewaler ibu nggarbini saha wewaler Ibu sasampunipun nglahiraken saestu mlampah wonten ing Dhusun Tepus Kecamatan Mojogedhang. 2) Wewaleripun ibu nggarbini, wewaler ing tindhakan, wewaler ucapan, wewaler dhaharan, dene semahipun ibu nggarbini inggih wonten wewaleripun. 3) Kejawi nindakaken wewaler ibu nggarbini ugi ngunjuk jampi lan panyuwunan dhumateng Gusti Allah SWT supados badan sariranipun ibu nggarbini tetep saras sae ibunipun ugi bayinipun. Para generasi mudha wonten saperangan ingkang pitados, wonten ugi saperangan mboten pitados kaliyan wewaler utawi pantangan ibu nggarbini, ingkang boten pitados wewaler punika para kadang generasi muda ingkang sampun sekolah ing tataran perguruan tinggi (kuliah).
Dene dudutanipun saking panaliten Pitutur luhur Wewaler ibu nggarbini saha ibu sasampunipun nglahiraken punika saestu kalampahan ing dhusun Tepus, ingkang ngiyataken tradisi wewaler punika awit wewaler punika turun tumurun saking leluhuripun dhusun ingkang kala semanten saking agami Hindu lan Buda. Sinaosa mekaten wonten generasi muda ingkang sarujuk lan boten sarujuk. Salajengipun wewaler punika wonten pitutur luhuripun babagan ngreksa ibu nggarbini supados lare lahir kanthi lancer lan wilujeng, adhedhasar wewaler utawi pantangan ingkang njagi si ibu lan bayi ing kandhetan (kandungan)
| Item Type: | Thesis (Skripsi) |
|---|---|
| Subjects: | L Education > L Education (General) |
| Divisions: | Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan > Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah |
| Depositing User: | Amalia Zulfa |
| Date Deposited: | 06 Feb 2026 03:26 |
| Last Modified: | 06 Feb 2026 03:26 |
| URI: | https://eprints.univetbantara.ac.id/id/eprint/451 |
