Halawaty, Roviky Nur (2025) MAKNA SIMBOLIK LAN PIWULANG LUHUR SALEBETING TRADHISI RASULAN ING DHUSUN GARIT, DESA PENDEM, KECAMATAN MOJOGEDANG, KABUPATEN KARANGANYAR - 2150900003. Skripsi thesis, Universitas Veteran Bangun Nusantara.
PBSD Roviky.pdf - Submitted Version
Download (505kB)
PBSD Roviky BAB III.pdf - Submitted Version
Restricted to Repository staff only
Download (1MB)
Abstract
Panaliten punika anggadhahi larah-larahing panaliten babagan kabudayan tradhisional mliginipun upacara adat. Panaliten punika ngrembag babagan tradhisi rasulan wonten ing Dhusun Garit, Desa Pendem, Kecamatan Mojogedang, Kabupaten Karanganyar ingkang dipunlampahi setaun sepindah sabibaripun panen raya utawi ing sasi Agustus. Panaliten punika anggadhahi ancas kangge ngandharaken makna simbolik lan piwulang luhur salebeting tradhisi rasulan. Panaliten makna simbolik lan piwulang luhur salebeting tradhisi rasulan ing Dhusun Garit, Desa Pendem, Kecamatan Mojogedang, Kabupaten Karanganyar punika naliti babagan lampahaning, ubarampe, makna simbolik saha piwulang luhur kakandhut salebeting tradhisi rasulan. Jinis panaliten inggih punika panaliten kualitatif deskriptif kangge ngandharaken lan gambaraken lampahan, makna simbolik saha piwulang luhur salebeting tradhisi rasulan. Cara ngempalaken dhata ingkang dipun-ginakaken wonten ing panaliten punika kadosta metodhe observasi, wawancara, dokumentasi. Asiling panaliten punika nedahaken bilih tradhisi rasulan ngemot lampahan, ubarampe, makna simbolik lan piwulang luhur. tradhisi punika minangka tradhisi ingkang dipuntindakaken kangge mujudaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, amargi sampun dipunparingi asil panen ingkang sae lan kathah.
Wosing tembung : tradhisi rasulan, makna simbolik, piwulang luhur.
| Item Type: | Thesis (Skripsi) |
|---|---|
| Subjects: | L Education > L Education (General) |
| Divisions: | Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan > Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah |
| Depositing User: | Amalia Zulfa |
| Date Deposited: | 04 Feb 2026 03:32 |
| Last Modified: | 04 Feb 2026 03:32 |
| URI: | https://eprints.univetbantara.ac.id/id/eprint/441 |
