NILAI MORAL WONTEN SALEBETING UPACARA TRADHISI CEPROTAN ING DESA SEKAR KECAMATAN DONOROJO KABUPATEN PACITAN - 1650900018

HIDAYAT, SYAHRUL SYAFRUDIN (2023) NILAI MORAL WONTEN SALEBETING UPACARA TRADHISI CEPROTAN ING DESA SEKAR KECAMATAN DONOROJO KABUPATEN PACITAN - 1650900018. Skripsi thesis, Universitas Veteran Bangun Nusantara.

[thumbnail of HALAMAN AWAL] Text (HALAMAN AWAL)
HLM AWAL SYAHRUL S.pdf

Download (565kB)
[thumbnail of BAB I] Text (BAB I)
BAB I SYAHRUL.pdf

Download (355kB)
[thumbnail of BAB II] Text (BAB II)
BAB II SYAHRUL.pdf

Download (359kB)

Abstract

Underaning prekawis wonten salebeting panaliten inggih punika kados pundi paraga, ubarampe, tatacara lan nilai moral ingkang kakandhut wonten salebeting upacara tradhisi Ceprotan desa Sekar, kecamatan Donorojo, kabupaten Pacitan. Ancasing panaliten punika supados saged mangertosi paraga, ubarampe, tatacara lan nilai moral ingkang kakandhut salebeting upacara tradhisi Ceprotan.
Landhesan teori punika ngandharaken babagan babagan pangertosan kabudayan, nilai moral, Jinisipun nilai moral, pangertosan upacara tradhisi lan ceprotan, panaliten ingkang jumbuh, lan raganganing pamikir ingkang wonten gegayutanipun kaliyan rumusaning prekawis wonten salebeting panaliten.
Jinising panaliten punika ngginakaken jinis panaliten kualitatif. Metode panaliten ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggih punika metode deskriptif. Papan panggenan anggenipun nglampahi panaliten inggih punika wonten desa Sekar, kecamatan Donorojo, kabupaten Pacitan. Wekdal anggenipun nglampahi panaliten punika kalampahan kirang langkung gangsal wulan, wonten wulan September 2020 ngantos Januari 2021. Dhata panaliten punika dipunpendhet saking kasil transkripsi video lan kasil transkripsi wawanrembag kaliyan kepala desa lan juru kunci desa. Menawi sumber dhata punika dipunpendhet saking sedaya lampahing upacara tradhisi Ceprotan wonten video dokumentasi lan wawanrembag kaliyan sesepuh desa.
Asiling panaliten punika Tradhisi upacara Ceprotan punika jinising nilai moral inggih punika gegayutanipun manungsa kaliyan Gusti punika dedonga lan raos syukur. Gegayutanipun manungsa kaliyan dhiri pribadi punika sabar lan lila. Gegayutanipun manungsa kaliyan manungsa sanesipun punika silaturahmi, gotong royong lan guyup rukun. Gegayutanipun manungsa kaliyan alam sakiwa tengenipun punika kathah ubarampe ingkang magepokan kaliyan khasil alam, pramila saking punika upacara tradhisi ceprotan taksih kalampahan.
Dudutan panaliten inggih punika tatacara panaliten upacara tradhisi Ceprotan inggih punika nilai moral ingkanggegayutanipun manungsa kaliyan Gusti. Gegayutanipun manungsa kaliyan dhiri pribadi. Gegayutanipun manungsa kaliyan manungsa. Gegayutanipun manungsa kaliyan alam sakiwa tengenipun.
Tembung wos: Nilai moral, Tradhisi, Ceprotan, desa Sekar kabupaten Pacitan

Item Type: Thesis (Skripsi)
Uncontrolled Keywords: Nilai moral, Tradhisi, Ceprotan, desa Sekar kabupaten Pacitan
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures
Divisions: Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan > Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah
Depositing User: Amalia Zulfa
Date Deposited: 16 Jan 2024 02:25
Last Modified: 16 Jan 2024 02:25
URI: https://eprints.univetbantara.ac.id/id/eprint/34

Actions (login required)

View Item
View Item